Nama:Shintia
Sasmitasari
Kelas:
9i/29
” ANDE ANDE LUMUT”
Ande ande
lumut inggih menika cerita rakyat intgkang asalipun saking jawi. Cerita menika
nyeritaaken satunggaling negeri ingkang gemah ripah loh jinawi, toto
tentrem kerto raharjo.
Panji Asmarabangun ingkang
gesangipun sarwa sekaca, dados putra mahkota, Ewa semanten pangeran
kagugan kersa bade lelana pados “ Pengalaman “ Kaliyan garwa ingkang sae
manahipun lan ayu.
Sajeroning lelana pangeran nyamar dados Ande
ande lumut,Dheweke diangkat dadi anak dening janda sing jenenge Mbok Randa
Dadapan, Ande ande lumut njaluk Mbok Randa ngiyaraken menawi piyambaipun badhe
pados garwa, saking baguse, ande ande lumut ndadosaken sedaya kenya kesengsem,
kalebet sederek sederekipun klenting kuning.Wis akeh sing teko kanggo nglamar
Ande-ande Lumut nanging isih ditolak.
Sementara
iku, klenting kuning yaiku putri Sekartaji sing lelana arep nggoleki Raden
Panji.putri Sekartaji ketemu dening janda sing kagungan putrid telu yaoku
klenting abang,klenting ijo,lan klenting biru.Putri Sekartaji diangkat dadi
putrine diwenehi jeneng Klenting kuning.
Kalian ibu
tirine klenting kuning dikengken ngresiki omah, nyuci pakaian, nyapu latar lan
liya-liyane.Ing sawijining dina Klenting kuning kandha menyang ibuke badhe
menyang dusun Dadapan.Klenting kuning diwenehi ijin menawa sampun nyelesekake
tugas-tugase kabeng ing omah.Sementara Ibu lan anak-anake lunga menyang dusun
Dadapan kanggo nglamar Ande-ande Lumut.
Ana ing saktengahing dalan menyang
omahe ande ande lumut, klenting abang,
kelenting ijo,klenting biru lan ibune arep nyebrang kali gede, Ing Kali
ana sing jaga yaiku awujud Yuyu sing
gede,jenenge Yuyu kangkang. Yuyu kangkang gelem nyebrangake, nanging nyuwun
upah,yaiku di ambung, Amarga kesusu
kelenting abang sadereke setuju diambung
karo yuyu kangkang,
Akhire klenting kuning wis mari
nyeleseake tugase,banjur njaluk ijin
maneh menyang ibune sing wis bali.ibune wenehi ijin tapi klenting kuning
diolesi kotoran ing wajahe.Banjur
klenting kuning budal menyang dusun Dadapan lan ketemu dening yuyu
kangkang.Klenting kuning ora gelem diambung yuyu kangkang ,akhire klenting
kuning nyabetaken cambuk teng kali.Seketika banyu ing kali asat,yuyu kangkang
akhire gelem nyeberangake lan ngeterake nganti ing dusun Dadapan.
Skwise teka ing omahe
mbok randa dadapan, kelenting Abang matur menawi dheweke lan adike badhe
ngelamar Ande – ande lumut .
Ande ande
lumut mboten kersa nampi lamaran ipun ,Amarga klenting kuwi mau wis diambung
dening yuyu kangkang.Namung klenting kuning sing disenengi Ande ande lumut,
amarga kelenting kuning ingkang mboten purun diambung yuyu kangkang
Sak lajengipun ande ande lumut
nampi kelenting kuning dados garwanipun, Kabeh ora ngerti menawa sejatine
klenting kuning yaiku putri sekartaji, putri raja Kediri.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar