Assalamu’alaikum Wr.
Wb.
Katur panjenenganipun:
Ibu guru ingkang kula hormati
Rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Naming sakderengipun, lgangkung
rumiyen sumonggo tansah ngunjukaken puji syukur wonten ngarsaning Gusti ingkang
Moho Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih pinarengaken kepal
manunggal kanti pinaringan kasarasan soho kawilujengan amin.
Kepareng kula matur sak untawis,
ngaturaken babakan narkoba, kita mangertosi wekdal menika narkoba saben ndinte
dados berita tumanter, TV, napa dene media masa utawi Koran. Kita mangertosi
bilih narkoba menika dados awisan, tumraping negri langkung-langkung agami,
awit sosinteno ingkang ngomsumsi narkoba, tumindak ipu badhe nalisir saking
kasusilan. Sanget kemawan tumindak ingkang ngrungak aken tiang sanes, lan ugi
kathah ingkang melebet penjara goro-goro narkoba. Awit tiyang ingkang ngomsumsi
narkoba, ical kesadaranipun lan gampil tumindah anarkis, kados ipun, mejahi
tiyang, mbegal, jambret lan sanes-sanes ipun. Narkoba ngrusak jasmani soho
rohani, sak sinteno tiyang ingkang ngomsumsi, mboten pejabat, mboten artis,
mboten rakyat, mboten guru, mboten murid, mboten sugih, mboten miskin, pramila
kanthi mekaten, monggo sareng-sareng kita tebihi narkoba, kita perangi narkoba,
supados kita mboten kecemplung jurang keseseng saran, langkung-langkung
dumateng generasi muda, minangka kusumaning monggo kita berjuang kanti sekuat
tenaga, nebihi soho merangi narkoba, ampun ngantos kita gampil kepikut barang
ingkang haram meniko, ingkang badhe mbeto kito dating tumindak ingkang nalisir,
saking kautamen, soho kasusilaan , ingkan tundhopipun dawah dumateng jurang
kesesen saran.
Kula kinten naming mekaten
ingkang saget kula atur aken mugi-mugi sanget ndados aken pepenget tumrap kita
sedoyo lan ambok bilih agen kula matur katah kekuranganipun, kula nyuwun
agenging pangapunten, ingkang mboten mranani ing panggalih.
Panutuping atur Wabillahi taufik wal hidaya.
Wassalamu’alaikum Wr.
Wb.
Shintia Sasmitasari 9i/29
Tidak ada komentar:
Posting Komentar